Rabu, 08 Juni 2016

teks cerita wayang dan strukturnya versi bahasa jawa

             Hai sobat selamat datang di blog ku disini saya membuat artikel tentang teks cerita wayang dan strukturnya dengan versi bahasa jawa yang menceritakan tentang cerita tokoh pewayangan Gathotkaca yang berjudul "Gathotkaca gugur". Selamat membaca!!!!!!!! 

Gathotkaca Gugur

Gathotkaca iku sawijining paraga wayang Mahabharata. Dhèwèké putrané Werkudara.Gathotkaca kang kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodani" kuwi, nalika isih jabang bayi jenengé Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrané Radén Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi, putrané Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgondani. Sekawit Arimbi iku uga wujudé buta wadon (raseksi), nanging bareng didandani déning Dewi Kunthi terus malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Brataséna uga banjur gelem ngepèk bojo Arimbi.
Bareng wis suwé anggoné jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjuré mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Déning ingkang éyang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajroné kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrané. Nuli déning ramané, Brataséna, jabang Tetuka banjur kaparingan kekasih Radén Gathotkaca, kersané Radén Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmasé Dèwi Arimbi) kang kekaroné padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.
Tembung gathotkaca tegesé kumpuling kasantosan. Nalika lairé, nganti umur nembelas dina puseré jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa waé. Naning wusanané puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkané Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duwèké Radén Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaélokané, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing puseré Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosané Gathotkaca, Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesané Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbé Senjata Kunta Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yèn nganti senjata Kunta dilepasaké, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Lairé Gathotkaca ngepasi karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa padha kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembat putihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthiné iku diduwa (ditolak) déning  para Déwa saéngga ndadèaké peperangan. Para déwa padha keplayu banjur golèk "pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa, dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalané. Sadurungé diajokaké ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para déwa didhawuhi déning Bathara Guru (tetungguling para déwa) supaya nlorongaké gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajroné kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca banjur sinebut :satriya babaran kahyangan" Déning Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggoné ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana paprangan, tandangé Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalané padha mati kabèh. Sasirnané Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengaké nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumuré jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.
Ing Perang Baratarayuda Gathotkaca gugur merga kenapanah Kuntawijayandanu kagungané Adipati Karna. Panah kang diuculké kuwi jan-jané ora tekan merga Gathotkaca aburé wis ana sadhuwuré méga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung déning yitmané Ditya Kala Bendana, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling déning ponakané iku, saéngga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandané Gathotkaca kumléyang saka gegana nibani krètané Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Péranganing Baratayudha, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadiné perang ing wayah bengi.


STRUKTUR TEKS
NO
STRUKTUR
KATRANGAN
1
Tema
Satria iku kudu wani bela kabeneran
2
Alur
Maju
3
Latar


Ø  Panggonan
Negara Pringondani, kayangan Jonggringsaloka, negara Ngamarta (Amarta), kahyangan, Kawah Candradimuka, ana sadhuwuré méga sam pitu

Ø  Wektu
Perang ing wayah bengi

Ø  Suasana


a)      Nelangsa
Gathotkaca gugur merga kenapanah Kuntawijayandanu kagungané Adipati Karna, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling déning ponakané

b)      Gembira


c)       Tegang
bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka,
4
Paraga


Ø  Apik
Raden Werkudara,Dewi Arimbi,Dewi Kunthi,Bathara Narada,Gathotkaca

Ø  Elek
Prabu Kala Pracona, Adipati Karna, Ditya Kala Bendana,
5
Amanat
Wani mbela kebeneran
6
Sudut pandang
Wong ketelu
7
Basa jroning crita


Ø  Ngoko
Bareng wis suwé anggoné jejodhoan, wujud bayi manungsa setengah buta, nganti umur nembelas dina puseré jabang Tetuka ora bisa ditugel, padha mati kabèh

Ø  Krama
Didhawuhi, diampil, kagungané, ngagem, kaparingan

Ø  Ingil
Didhawuhi,kagungane,yitmane




1 komentar:

  1. Merkur 15c Safety Razor - Barber Pole - Deccasino
    Merkur 15C Safety Razor deccasino - Merkur goyangfc - 15C 도레미시디 출장샵 for Barber 바카라 사이트 Pole is the perfect introduction to the Merkur Safety หาเงินออนไลน์ Razor.

    BalasHapus