Hai sobat selamat datang di blog ku disini saya membuat artikel tentang teks cerita wayang dan strukturnya dengan versi bahasa jawa yang menceritakan tentang cerita tokoh pewayangan Gathotkaca yang berjudul "Gathotkaca gugur". Selamat membaca!!!!!!!!

Gathotkaca iku sawijining paraga wayang Mahabharata. Dhèwèké putrané Werkudara.Gathotkaca
kang kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodani"
kuwi, nalika isih jabang bayi jenengé Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi
putrané Radén Werkudara
(satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dewi Arimbi, putrané Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgondani. Sekawit Arimbi iku uga wujudé buta wadon
(raseksi), nanging bareng didandani déning Dewi Kunthi terus
malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Brataséna uga banjur gelem
ngepèk bojo Arimbi.
Bareng wis suwé anggoné
jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjuré mbabar putra kakung wujud bayi
manungsa setengah buta. Déning ingkang éyang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka
banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajroné
kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya
kang bagus citrané. Nuli déning ramané, Brataséna, jabang Tetuka banjur
kaparingan kekasih Radén Gathotkaca, kersané Radén Werkudara kinarya pepenget
duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmasé Dèwi Arimbi) kang
kekaroné padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.
Tembung gathotkaca
tegesé kumpuling kasantosan. Nalika lairé, nganti umur nembelas dina puseré
jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa waé. Naning wusanané
puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkané Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta
Druwasa) duwèké Radén Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaélokané, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing
puseré Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosané Gathotkaca, Senadyan mengkono,
bab iku uga dadi pengapesané Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa
kang darbé Senjata Kunta Wijayadanu, Gathotkaca kudu
ngati-ati. Sebab yèn nganti senjata Kunta dilepasaké, Gathotkaca mesthi mati.
Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Lairé Gathotkaca ngepasi
karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa padha
kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembat putihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthiné iku
diduwa (ditolak) déning para Déwa
saéngga ndadèaké peperangan. Para déwa padha keplayu banjur golèk
"pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan
negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina
iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang
kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa, dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan
Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalané. Sadurungé diajokaké ana
paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah
Candradimuka lan para déwa didhawuhi déning Bathara Guru (tetungguling para
déwa) supaya nlorongaké gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang
Tetuka metu sak sajroné kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging
wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca
banjur sinebut :satriya babaran kahyangan" Déning Bathara Guru,
Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggoné ngadhepi
mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana
paprangan, tandangé Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona
sawadyabalané padha mati kabèh. Sasirnané Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur
dijumenengaké nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumuré jagung kanthi jejuluk
Prabu Guruputra.
Ing Perang Baratarayuda
Gathotkaca gugur merga kenapanah Kuntawijayandanu kagungané Adipati Karna.
Panah kang diuculké kuwi jan-jané ora tekan merga Gathotkaca aburé wis ana
sadhuwuré méga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung déning yitmané
Ditya Kala Bendana, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling
déning ponakané iku, saéngga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan.
Kuwandané Gathotkaca kumléyang saka gegana nibani krètané Adipati Karna nganthi
ajur sewalang-walang. Péranganing Baratayudha, Gathotkaca Gugur sumbaga
wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadiné perang ing wayah
bengi.
STRUKTUR TEKS
NO
|
STRUKTUR
|
KATRANGAN
|
1
|
Tema
|
Satria iku kudu wani bela kabeneran
|
2
|
Alur
|
Maju
|
3
|
Latar
|
|
Ø Panggonan
|
Negara Pringondani, kayangan Jonggringsaloka, negara Ngamarta (Amarta), kahyangan, Kawah Candradimuka, ana sadhuwuré méga sam pitu
|
|
Ø Wektu
|
Perang ing wayah bengi
|
|
Ø Suasana
|
||
a) Nelangsa
|
Gathotkaca gugur merga kenapanah Kuntawijayandanu kagungané Adipati
Karna, bapa-pamané Gathotkaca
kang wis tiwas merga ditempiling déning ponakané
|
|
b) Gembira
|
||
c) Tegang
|
bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah
Candradimuka,
|
|
4
|
Paraga
|
|
Ø
Apik
|
Raden Werkudara,Dewi Arimbi,Dewi Kunthi,Bathara Narada,Gathotkaca
|
|
Ø Elek
|
Prabu Kala Pracona, Adipati Karna, Ditya Kala Bendana,
|
|
5
|
Amanat
|
Wani mbela kebeneran
|
6
|
Sudut pandang
|
Wong ketelu
|
7
|
Basa jroning crita
|
|
Ø
Ngoko
|
Bareng wis suwé anggoné jejodhoan, wujud bayi manungsa setengah buta, nganti umur nembelas dina puseré
jabang Tetuka ora bisa ditugel, padha mati kabèh
|
|
Ø
Krama
|
Didhawuhi, diampil, kagungané, ngagem, kaparingan
|
|
Ø
Ingil
|
Didhawuhi,kagungane,yitmane
|